A.
Pangerten Gamelan
Gamelan
yaiku seperangkat piranti musik sing terdiri saka : Rebab, Kendang, Peking
(Gamelan), Bonang, Bonang panerus, Kenong lan Kethuk, Saron, Slenthem, Gender,
Gong, Gambang, Siter, Demung, lan Suling. Komponen utama piranti musik gamelan
yaiku : pring, logam, lan kayu. Masing-masing piranti nduweni guna dhewe jero
pagelaran.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.
Tembung Gamelan dhewe asale saka basa Jawa “gamel” sing nduwe arti nggebug / menabuh, dimeloni akhiran “an” sing dadekne dheweke dadi tembung benda. lagekne bebasan gamelan nduweni arti dadi siji kesijen piranti musik sing didolanke bareng.
B.
Sejarah Gamelan
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané
kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring
tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis
nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa
duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6
[C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang
kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5
6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang
bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan
kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit
kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat
musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang
dados gamelan. Konon, ing
mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru
ing warsa Saka, dewa
ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan
(sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru
punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa,
lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking
watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika,
piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged
dipundamel saking timah putih (Sn)
lan tembaga (Cu),
ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo
ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné
penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa
gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa
yaiku ing panggonan bangsal liyané
kang manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi ngraih bentuk
nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
1. Bali.
2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon maneka piranti kayata:
suling bambu.
lonceng.
kendhang (ing maneka
ukuran).
kecapi.
instrument kang ana dawai
utawa senaré kang biasa
digésék lan dipetik, kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah
panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi
awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia. Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki
ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru
ing mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan
(saiki Gunung Lawu). Sang Hyang Guru
pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa. Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
C.
Jenis Gamelan Miturut Larase
1. Gamelan
Laras Sléndro
Sléndro
utawa saléndro iku salah siji titilaras ing gamelan. Saliyané sléndro, ana uga
titilaras pélog. Ana 5 swara (nada).
Titilaras Sléndro béda karo titilaras pélog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat)
karo 7 (pitu). Laras sléndro duwé 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, ya iku 1 2 3 5 6. Kanggo gampangé
asring dipadhakaké karo C-D E+ G A ing titi laras kulonan. Siji lan sijiné nada
nduwé béda interval swara sing cilik.
a. Asal-usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan sléndro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn sléndro ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndro karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
b. Notasi
|
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
|
1
|
ji
(siji)
|
barang
|
|
2
|
ro
(loro)
|
gulu
|
|
3
|
lu
(telu)
|
dhadha
|
|
5
|
ma
(lima)
|
lima
|
|
6
|
nem
(enem)
|
nenem
|
c. Watak lan pathet
Ing Bali, sléndro minangka kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi nem, sanga, lan manyura. Urutan iki lumrahé kanggo pagelaran wayang
1) Pathet nem
Lumrahé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dinggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
2) Pathet sanga
Lumrahé ditulis sléndro sanga. Ana kalané uga disebut barang miring. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetuné Bambang tekan perang kembang.
3) Pathet manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara mirunggan. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-ésuk.
2. Gamelan
Laras Pélog
Pélog
iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyané Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra ,
ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada ya iku 1 2
3 4 5 6 7.
a. Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog iku kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa iku biyèn mung slendra.
b. Notasi
|
Angka
|
Pangucap
|
Jeneng
|
|
1
|
ji
(siji)
|
panunggul
|
|
2
|
ro
(loro)
|
gulu
|
|
3
|
lu
(telu)
|
dhadha
|
|
4
|
pat
(papat)
|
pélog
|
|
5
|
ma
(lima)
|
lima
|
|
6
|
nem
(enem)
|
nem
|
|
7
|
pi
(pitu)
|
barang
|
c. Watak lan Pathet
Ing Bali, Pélog minangka kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan kanggo iringan Tari.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.
1) Pathet Nem
Lumrahé ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
2) Pathet Lima
Lumrahé ditulis "Pelog Lima".Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
3) Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara mirunggan.
D.
Aturan
Gamelan
Jawa nduwé aturan-aturan sing wis pakem, antarané katata saka pirang-pirang
rambahan (puteran) lan pathet utawa jero cethèking swara, uga ana aturan sampak utawa rikat-rendheté laku sing wis pakem, uga ana
batesan-batesan gongan lan mèlodiné wis diatur ning pérangan-pérangan sing
saben-saben ketata saka 4 nada (gatra). Saben-saben piranti nduwé fungsi
dhéwé-dhéwé, sing nuntun swara ya iku rebab, sing nuntun irama diarani
kendhang. Arané pemain sing nabuh gamelan iku pengrawit, penayagan utawa nayagautawa wiyoga,
sing nembang priya arane wira-swara, sing wanita arané pesindèn utawa
swarawati.
E. Piranti
gamelan
Piranti gamelan Jawa iku mèh
kabèh / lumrahé digawé saka tosan (logam) antarané: wesi, tembaga campur rejasa (nikel), utawa perunggu, mliginé wilahe. Yèn grobogane utawa rancakané umum saka kayu. Bahan tambahan liya antarané pring, kulit (kanggo kendhang) lan liyané. Piranti gamelan sing ora
ana kandhutan tosan iku mung kendhang, gambang, rebab, suling, siter uga tabuhe.
Piranti gamelan bisa dikelompo'ake dadi 4 pérangan ya
iku :
1. Gongan
a. Kethuk
Kethuk
iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku
diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh
padha karo kempyang.
b. Kempyang
Kempyang
iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing
fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
c. Kenong
Kenong
iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing
fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong
nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing
kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan
luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara
merga nduwe timbre sing rada unik.
d. Kempul
Kempul
iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan
slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog
nduwéni 6 utawa 10 kempul. Bentuké kaya gong
nanging ukuran luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran
diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul
ngeto'ake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih
cilik swarane luwih dhuwur maneh.
e. Gong
Gong
iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané
papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung
sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi
garis tengah 1 méter, lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong
nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti
gamelan liyané.
Gong
ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning
ditabuh ing selang wektu tinentu.
Prangkat
musik tradhisional iki
saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa
pambukaan acara.
f. Kecer
Kecèr
iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing digawe saka tosan. Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga
ing piranti musik modern. Ing musik modern piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti
utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane
ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh. Kecèr iku kudu
sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane
wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur. Sepasang kecèr iku
diso'ake ing grobogan utawa rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik. Keto'e iki piranti gamelan sing
paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing
babak-babak lakon wayang tinentu.
2. Balungan
a. Demung
Saron
demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki
jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembè demung.
Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan
slendro demung.
2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki
paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm.
Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok
saron.
b. Saron Barung
Saron
barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog barung lan
slendro barung.
2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda. Wilah saron barung iki luwih
gedhe dibanding saron panerus ning luwih cilik
dibanding saron demung. Wilah sing luwih
dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7. Saron
barung nduwe swara luwih dhuwur se oktaf dibanding saron
demung.
Saron
panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus iku diso'ake langsung ing
wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro, saron panerus diarani Peking.
Iki
jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané yaiku saron lan demung. Ana 2 jinis saron panerus yaiku pelog panerus
lan slendro panerus.
2 jinis piranti panerus iki
nduwé laras béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané,
sing apik digawe saka sungu kebo.
Wilah
saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung lan demung nanging wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur
swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik
dawané watara 18 cm lan amba 4 cm.
Saron
panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké
karo saron barung.
Cara
nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel
loro saka tabuhan saron lan demung.
d. Slenthem
Slenthem
iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing
fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré
ana tabung utawa silinder kanggo
ngetokaké gema swarané.
Miturut
konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér panembung.
Nanging slenthem duweni bilah
padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yen ing klompok instrumen saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud
slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara.
3. Panerusan
a. Bonang
Bonang
iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2
jinis bonang yaiku:
1) Bonang
Barung
2) Bonang
Barung yaiku salah sawijiné bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk
pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé,
banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata
ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.
Bonang
panerus utawa Bonang penerus
yaiku salah sawijining perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané
Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn
Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka
Bonang panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro kang pucuké diblebet ngaggo kain lan Pluntur.
b. Siter
Siter
iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11
pasang utawa kadang 12 pasang. Siter iki fungsine pada
karo Celempung.
c. Suling
Suling
iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro
lan Pélog. Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo ing gamelan Sundha. Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké
amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
d. Gambang
Gambang
iku salahsiji perangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing
digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu
kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo
résonansi (nggedhèkaké swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl
siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing
dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.
4. Kendhang
a. Kendhang
Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo
kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik
modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi.
Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y.
Kendhang ing musik gamelan fungsiné
kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan ukuran kang
werna-werna. Ukurané kendhang
antarané 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara
ditabuh.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing
salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé
umumé disèlèhaké ing tengening panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik
tinimbang bedhug.
Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan
saka sing paling gedhé ukurané)
Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
Kendhang batangan utawa ciblon
Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti
gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi
irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo
tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa
panutup swara suwukan.
SUMBER