A. Pangertene crita
rakyat
Crita rakyat yaiku
crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya
kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku amarga ora dimangerteni
sapa sing nganggit. Cerita rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna
kang isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing
jaman biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtu
dening wong kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan
tukang kentrung. Crita rakyat iki
ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lara, yaiku nglipur kawula
cilik kang durung kenal karo lelipur liyane kang luwih modern.
B. Unsur crita rakyat
Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur kang ambangun crita
rakyat, yaiku tema, latar/setting,
penokohan, alur, amanat, punjering
crita/sudut pandang, lan konflik.
1.
Tema
Tema yaiku minangka ide pokok atau masalah utama kang
ndhasari lakuning crita. Tema crita rakyat biasane kaku, istana sentris, adat
istiadat, lan mistis. Surasane crita khayal lan fantastis.
2.
Latar
Latar iku mujudake papan utawa wektu dumadine kadadeyan ing
sajroning crita. Latar ana 3, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar
swasana.
3.
Alur/Plot
Alur/plot yaiku urut-urutaning prastawa/kedadeyan ing crita.
Alur diperang dadi 3, yaiku alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Alur
maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi
tumuju ing alur crita. Alur mundur yaiku alur yang nyritakne prastawa saka
saiki banjur mundur ing wektu dhisik/sadurunge. Alur campuran yaiku alur
campuran saka alur maju lan alur mundur.
4.
Penokohan/Paraga
Penokohan iku nggambarake watake paraga/pelaku ing sajroning
crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike,
lingkungane, lan sapiturute. Paraga diperang dadi telu yaiku protagonis (sing dadi lakon), antagonis (sing dadi musuhe), lan tritagonis (sing dadi panengah antara
tokoh protagonis lan antagonis)
5.
Amanat
Ajaran moral utawa pesen kang bakal dikandhakake dening
pengarang marang sing maca/sing ngrungokake.
C. Titikane crita
rakyat
Crita rakyat duweni titikan kan beda saka cerita liyane,
yaiku ing ngisor iki:
1.
Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
2.
Kolektif, amarga ora dimangerteni sapa sing nganggit crita mau dadi duweke
masyarakat bebarengan.
3.
Nyritakke bab ala lan becik.
4.
Nggambarake kadadean-kadadean kang mokal (imajinatif).
5.
Dicritakake kanthi lesan.
6.
Sing nyritakake saka generasi ke generasi (turun tumurun). Awit saka kuwi,
crita rakyat gampang owah, sok sapa bisa nambahi mula akeh versi miturut papan
utawa panggonan sing nyritakake.
D. Wujud crita rakyat
Wujud cerita rakyat ana papat, yaiku
mitos, legendha, sage, lan fabel.
1.
Mitos
Crita ngenani makhluk-makhluk
gaib/lelembut. Paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora
masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara lsp. Tuladha crita mitos
kayata Crita Kangjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, Crita Nyai Lanjar ing
pesisir lor, Crita Sunan Lawu ing Karanganyar, lsp.
2.
Legendha
Crita legenda kadadeyan ing bumi lan crita mau kaanggep
bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane arupa watu, wit, gunung,
kali, lsp. Tuladha crita legend kayata: Crita Baru Klinting, Crita Endang
Nawangsih, Crita Asal-usule Grojogan Sewu ing Tawangmangu, lsp.
3.
Sage
Crita ngenani kepahlawanan lan
kegagahan utawa ketangkasan putra raja. Tuladhane Lutung Kasarung, Cindelaras,
Sawunggaling, lsp.
4.
Fabel
Crita ngenani kewan kang tumindake kaya
manungsa. Tuladhane Kancil lan Baya, Walang lan Semut, lsp.
E. Ngringkes Crita
Rakyat
Ringkesan yaiku salah
sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep gatekake unsur-unsur pambangun
ing sajroning crita iku mau. Lumrahe ringkesan iku kurang saka 300 tembung.
Nalika ngringkes
crita aja nganti ngilangake alur utawa lakune crita. Alur crita kudu tetep
ganep, nanging basane sing cekak, aos, lan prasaja. Kedadean sing dicritakake
ing ringkesan dijupuk sing pokok-pokok utawa sing penting-penting wae, ora
kabeh kadadean dicritakake.
Trap-trap ngringkes crita rakyat yaiku:
1.
Maca teks crita nganti cuthel.
Crita rakyat sing
arep diringkes diwaca nganti cuthel kaping pindho utawa telu supaya luwih
paham.
2.
Nulis pokok-pokok pikiran saben paragrap.
Pokok pikiran paragrap kaperang dadi
loro, yaiku paragrap deduksi lan paragrap induksi. Paragrap deduksi iku ukara
bakune ana ing ngarep utawa awal paragrap, ukara panerange ana ing mburine.
Paragrap induksi iku ukara bakune ana ing mburi dhewe, ukara-ukara panerange
ana ng wiwitan paragrap.
3.
Nulis ringkesan adhedhasar pokok pikiran sing wis kok tulis.
Roncenen pokok-pokok
pikiran sing wis kok tulis mau dadi ringkesan nganggo basamu dhewe.
4.
Tlitinen maneh apa sing wis kok tulis.
F. Teks Cerita Rakyat
Dumadine Kutha Pacitan
Pangeran
Mangkubumi sapendherek saya mangetan lakune sangsaya adoh ninggalake kraton
Mataram. Nalika tekan gumuk Puger kabeh padha ngaso. Wektu semana pendhereke
Pangeran Mangkubumi mung kari rolas. Salah sijine ana kanga ran Setraketipa,
kang padatan ngrumat jaran titihane Pangeran Mangkubumi.
Setraketipa
nyawang Pangeran Mangkubumi lan para pandherek katon sayah lan keluwen. Dheweke
mikir kepriye carane bisa golek pangan lan ngombe kanggo Pangeran lan para
pandherek, banjur matur “Nyuwun pangapunten Pangeran, kepareng kula pados
menapa ingkang saged Pangeran dhahar saha unjuk sokur saged kangge
kanca-kanca”. Wangsulane Pangeran Mangkubumi, “Apa kowe ora kesel Setra? Yen
pancen kuwi karepmu daklilani muga-muga enggal oleh gawe”.
Nganti sore
Setraketipa ora nemokake apa-apa. Kang ana mung wit pace, wohe rupane ala tur
yen wis tuwa nyebar ganda ora enak. Mesthi wae Setraketipa ora mentala nyaosake
marang Pangeran. Dilalah meh angslupe srengenge Setraketipa nemokake tela lan
banyu. Barang mau diaturake marang Pangeran. Dene setraketipa saben dina mangan
wohe pace, kanca-kanca diwenehi padha ora gelem.
Pangeran
Mangkubumi lan para pendherek saya suwe saya suda kekuwatane, amarga mangane
mung saanane. Dene Setraketipa kaya ora duwe kesel katon sehat wal’afiat lan
panggah gagah prakosa mangka dheweke saben dina golek pangan.
“He… Setra… apa
sebabe kowe kok ora tau ngraosake sayah mangka gaweanmu abot?” Jebul kekuwatane
Setra iku amarga saben dina mangan wohe pace. Wusanane Pangeran nyoba dhahar
woh pace, para pendherek uga padha melu-melu.
Pangeran yakin
menawa who pace kuwi pancen gedhe khasiyate. Bareng wis padha pulih kekuwatane,
Pangeran Mangkubumi ngajak nerusake laku, terus nuju mangetan. Mula saka kuwi
papan kono banjur katelah Pacewetan saka tembung pace lan wetan. Kerep padha
dicekak dadi Pacetan lan wusanane nganti saiki katelah Pacitan..
SUMBER
Terimakasi sangat membantu sekali👍
BalasHapussamasama laili😂
BalasHapusnice
BalasHapusBarokallah.. Semoga bermanfaat
BalasHapus