A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku
salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kan
diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa inkang gadah irama, rima, mitra,
bait lan penyusun lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Geguritan
ing bahasa indonesia uga kasebut puisi.
B. Ciri – ciri Geguritan
Ciri – ciri wonten ing geguritan yaiku :
1. Duweni patokan utawa aturan geguritan
kayata duweni guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra
2. Duweni makna utawa arti ana ing lirik –
lirike
3. Duweni bahasa ingkang endah lan mentes
4. Ing teks geuritan ono jeneng pengarang
/ pangriptane posisi ning ngarep tembang geguritan
C. Unsur – Unsur
Instrinsik
Geguritan
uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane, unsur
unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika:
1. Tema
2. Bahasa kang endah
3. Judul geguritan
4. Diksi
5. Citra
6. Purwakanthi
7. Amanat kang ono ing jero geguritan
D. Jenis – jenising
Geguritan
Geguritan
miturut kegunaane ana 3 macem, jenis jenise inggih punika:
1. Jenis geguritan ingkang gambarake
kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
2. Jenis geguritan ingkang nyeritakake
kondisi utawa pengalaman (naratif)
3. Jenis geguritan ingkang pasemon utawa
duweni isi kritikan utawa sindiran
E. Syarat – syarat maca
Geguritan
Wong maca geguritan ugo duweni syarat
syarat, lan ora sembarangan ingkang maca geguritan. Syarat syarat yaiku :
1.
Wirama
= Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara
2.
Wirasa
= Perasaan utawa penghayatan ketika maca gegurtan
3.
Wiraga
= Polah utawa gerake ketika maca geguritan
4.
Wicara
= Lancar orake maca geguritan
F. Contoh – contoh
Geguritan
Kudu piye
karya
: Devid Paska Windy Aprillia
Akeh sing kandha awake dhewe kuwi
nyawiji
Nanging endi buktine
Nyatane akeh uwong mung mikir dhiri
pribadhi
Wong-wong sing gsjine gedhe
Ora gelem ngurusi rakyate
Mung biso mikirake uripe dhewe
Korupsi saya ndadi ora ngerti budi pekerti
Akeh sing ora padha ngerti wedi
Yen dilebokake ning njero jeruji wesi
Pidana wis ora adil
Mbela wong salah, sing penting wani
mbayar
Njlomprongake wong cilik, sing ora duwe
dhuwet
Wis dadi tradhisi ing Indonesia
Rakyat padha sengsara
Saben dhina ngrasakake rekasa
Ora bisa nyuwara apa apa
Mung bisa ngenteni lan ndonga marang
Gusti
Aku ora ngerti apa sing dilakokake
Ora ngerti apa sing dikarepake
Wong clik mung bisa manut wae
Marang apa kang diarahake
SUMBER
wahh bermanfaat sekali
BalasHapusBagus, lanjutkan mbak
BalasHapusWahh aku jadi ngerti tentang geguritan lebih dalam
BalasHapusLanjutkan kak
BalasHapusExcellent
BalasHapusBermanfaat
BalasHapusMantap
BalasHapushiyahiyaa
BalasHapusnice
BalasHapusBarokallah.. Semoga bermanfaat
BalasHapusHa na ca ra ka
BalasHapusDa ta sa wa la