Selasa, 14 Januari 2020

SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR


A. TANGGAPAN ISI TEKS
Serat Wedhatama (serat mangenani ajaran utama) nggih niku satunggaling rumpaka sastra Jawa Enggal kang saget digolongaken minangka moralistis-didaktis kang sekedik dipengaruhi islam. Rumpaka punika secaos formal diserat dening ngarso dalem ingkang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegoro IV. Raja ing keraton Mangkunegaraan Solo.
Isi Serat Wedhatama ngrupiaken falsafah kagesangan, kados dene tenggang rasa, tepa salira, kepripun dados janma kang sampurna, nglampahaken agami secaos bijak, lan dados tiyang kang gadah watek ksatria.

B. TEKNIK PENULISAN TEMBANG PANGKUR
Tata carane nulis tembang macapat :
Tata carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu ngertos urut-urutane, yaiku:
  •  Temtokno lan tulisen ngegani gagasan opo sing arek inggawe tembang.
  •  Temtokno tembang opo sing arep kogawe, opo mijil,opo pangkur, lan liya-liyane.
  •  Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune.
  •  Gawena ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat.
  •  Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara=ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo   paugerane tembang sing kogawe.

C. TEKNIK PENYUNTINGAN TEMBANG PANGKUR
Catatan :
Saben tembang macapat terikat saka  ‘aturan’ sing nggawe beda saben-saben, yaiku :
Ø   Guru Gatra : Arane cacahing larik/ baris saben padha(bait). Dadi guru gatra tembang macapat pangkur iku 7 gatra.
Ø  Guru Wilangan : Araning cacahing wanda saben gatra/ baris(jumlah suku kata). Dadi guru wilangan tembang macapat pangkur adalah 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
Ø  Guru Lagu : Araning tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Dadi guru lagu tembang macapat pangkur adalah a, i, u, a, u, a, i.
Ø  Watak : ‘Sifat’ saben tembang, iso sedih, gembira, seneng, lsp. Dadi watak tembang macapat pangkur adalah : sereng, galak, pas kanggo nyampeake petuah, permulaan kanggo perang.
Ø  Guru Wilangan lan Guru Lagu niku digabung saben baris(gatra). Dadi guru wilangan lan guru lagu tembang macapat pangkur adalah 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.

D. TEKNIK PENYAJIAN TEMBANG PANGKUR BAIK SECARA TULISAN ATAU LISAN

PANGKUR
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana, karenan mardi siswi
Sinawung resmi ning kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta, pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ning tanah jawi
Agama-ageming, aji

ü  Guru Gatra : 7.
ü   Guru Wilangan/ Guru Lagu : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
ü  Watak : Sereng, galak, pas kanggo nyampeake petuah, permulaan perang.


SUMBER
·        Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

6 komentar: